ACARA IJAB QOBUL
Assalamu'alaikum wr.wb.
Wonten ngarsanipun para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang kinabekten, langkung-langkung panjenenganipun Bp Pengulu lan Bp Pembantu Petugas Pencatat Nikah ingkang pantes sinudarsana. Panjenenganipun para kadang - wredha mudha, saha para rawuh para pilenggah lan para kadang saking ...........(kampung manten kakung).......... ingkang tansah winantu ing suka rahayu.
Langkung rumiyin mangga kula panjenengan ngonjukaken raos syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT, karana sih rohmat miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula sahengga wonten menika wekdal kula panjenengan sedaya saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika sumangga nuwun kula panjenengan ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.' Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan sedaya nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.
Para rawuh, para pilenggah ingkang tuhu kinurmatan, kakung miwah putri. Keparenga kula ing ngriki minangka talang atur kulawarga saking panjenenganipun Bp/Ibu ................................ ngaturaken mukaddimah menggah prastawa gati ing titi kalenggahan menika.
Ingkang sepisan Bp/Ibu ................................ sakulawarga ngaturaken pambagya: sugeng rawuh lan agunging panuwun dhumateng panjenengan sedaya , langkung-langkung dhateng panjenenganipun Bapak Pengulu. Sugeng rawuh, wilujeng enjing/siang/sonten/dalu lan sugeng pepanggihan.
Wondene menggah prastawa gati ingkang karantam ingadanan ing dinten menika nuwun inggih mbokbilih Allah SWT ngijabahi, ing dinten menika Bp/Ibu ............................... sakulawarga kagungan sedya luhur ngadani prastawa agung lan sakral, inggih menika amiwaha putra mahargya siwi ingkang asesilih Rara ................................, badhe kadhaup dening Mas ............................... putranipun Bp ................................. saking .........................................
Ingkang menika kasuwun panjenengan sedaya keparenga paring paseksen, paring idi donga berkah pangestu kanthi hangrawuhi lan hanjenengi dhumateng prastawa gati ingkang badhe ingadanan, nuwun inggih, ingkang sepisan Ijab utawi Akad-nikah menggah satataning agami lan negari ingkang samangke badhe kapratitisaken panjenenganipun Bapak Pengulu.
Dene ingkang angka kalih nuwun inggih mangke menawi para tamu lenggahan lan rombongan pengombyong temanten kakung saking ..................................... sampun rawuh lajeng badhe ingadanan upacara adat, putra temanten badhe kawiwaha dhaup kanthi upacara ingkang limrah kawastanan upacara PANGGIH lan badhe kapahargya kanthi pinaringan sabdatama dening panjenenganipun Bp Kyai ......................................
Mekaten menggah atur mukaddimah saking kulawarga, wonten kekirangan, kalepatan saha keladukipun, nyuwun agunging pangapunten.
Salajengipun wekdal kula sumanggaaken dhumateng panjenenganipun Bapak Pengulu.
Billahittaufiq walhidayah,
wassalamu'alaikum wr.wb
UPACARA TEMU MANTEN / PANGGIH
Para rawuh para
pilenggah ingkang sinuba sagunging pakurmatan, kakung miwah putri. Putra
temanten kakung sampun samapta wonten papan upacara, pramila sumangga nuwun
kula dherekaken ngancik tumapaking prastawa gati, temanten kekalih badhe
kawiwaha dhaup kanthi satataning adat Jawi, nuwun inggih upacara Panggih
kalajengaken upacara adat Krobongan lan Sungkeman. Ingkang menika kula suwun
para rawuh para pilenggah keparenga paring berkah pangestu kanthi jumeneng
sadanguning Upacara Panggih menika.
Katur dhumateng
panjenenganipun Ibu Juru Sumbaga dalasan para-para ingkang kajibah hanawung
kridha ing upacara menika kula sumanggaaken. Sumangga, nuwun.
==(gendhing Kodhok Ngorek PLAY
lajeng njantur/nyandra)==
Wus dumugi
wahyaning mangsakala sri penganten netepi upacara dhaup kanthi Adat Widhi
Widana Panggih.
Adat tegesipun
tatacara, Widhi Widana tegesipun peparing linangkung saking Gusti Ingkang Maha
Kuwasa.
Dene Panggih werdinipun
Pangudi Gambuhing Penggalih.
Sri temanten
badhe sarwi ambalang/(liron-lung-tinampen*) gantal, gantal putri
winastanan Gondhang Kasih, dene gantal kakung winastanan Gondhang Tutur.
Gantal dumadi
saking suruh utawi sedhah ingkang lininting tinangsulan lawe wenang.
== (penganten sarwi
ambalang/liron gantal)==
Suruh, sumurupa
nganti weruh. Suruh, yen dinulu seje lumah lawan kurebe nanging yen ginigit
padha rasane, yen sinawang siji kakung siji putri nanging ing batos wus padha
sedyane.
Lininting tegesipun
nggumolongaken tekad gesang bebrayan, dene tinangsulan lawe wenang tegesipun
kaiket ing prasedya luhur.
==(wiji dadi)==
Temanten kakung
mecah hantiga, punika pratandha bilih piyambakipun sampun samekta samapta yen
ta badhe ngayani, ngayemi lan ngayomi garwanipun.
==(wijik suku)==
Temanten putri
hamijiki ampeyanipun temanten kakung, punika minangka pralampita bilih
piyambakipun sampun samekta samapta badhe bektos dhateng kakungipun.
Kambang-kambang
kumambanging Sekar Triwarna hanenggih mawar, melathi, miwah kanthil, punika
minangka pitutur dhateng temanten kekalih, bilih kalamun wasis mawar tembung
manis lumantar kedaling lathi, bakal dadya karyatama ingkang anggung
kumanthil-kanthil.
==(lantingan)==
Lantingan,
penganten putri kajumenengaken jajar ingkang kakung, punika minangka pralambang
wontenipun kesetaraan gender, priyantun kakung lan putri punika sejajar
ing bebrayanipun.
==(singeb sindur)==
Penganten
kekalih siningeban sindur dening ingkang ibu, sindur tegesipun toya kanugrahan,
kanthi dhaup penganten kekalih saged kasingeban ing toya kanugrahan nikmating
raos ingkang jagad tanpa timbang, ingkang namung wonten ing akrami.
Selendhang
sindur linambaraken dening ingkang ibu, tegesipun temanten kekalih mangun
bebrayan kanthi linambaran weninging penggalih manebing kalbu, dene ingkang
rama minangka cucuking lampah, punika tegesipun supados putra temanten kekalih
tansaha tinuntun ing reh kautaman, lan ingkang ibu hangempit saking wingking,
punika ateges tiyang sepuh tansah paring jurung pangestu tutwuri handayani.
==(temanten mlebet sasana
rinengga)==
Paripurna
gatining kang titi laksana panggih. Temanten wus manjing sasana rinengga kanthi
lulus raharja saking sakathahing rubeda. Sumangga para rawuh para pilenggah
kula dherekaken lenggah malih lan matur nuwun.
==(upacara Krobongan)==
Sanggya
adilenggah ingkang minulya, punika lah ingkang winastan Timbangan, temanten
kekalih kapangku ing jengku, ingkang ibu matur, “awrat pundi Pak ?” Ingkang
rama mangsuli “ah, padha wae” , punika minangka pepenget dhateng tiyang sepuh
supados mboten mbedak-mbedakaken antawisipun putra lan mantu, sedaya sampun
karengkuh putra piyambak.
==(tanceban)==
Tanceban, punika
winastan ugi Tandur utawi Wisudan, saking Calon Temanten winisuda dados
Temanten.
==(kacar-kucur)==
Kacar-kucur,
punika minangka gegambaran bilih ingkang kakung anggadhahi kuwajiban:
masrahaken asil guna kaya utawi nafkahipun dhumateng ingkang garwa, lan ingkang
garwa kedah saged nyekapaken ing reh sedaya kabetahaning bale wisma, tuwin
adamel renaning tiyang sepuhipun.
==(dulangan)==
Dulangan, punika
mujudaken setunggaling kekudangan supados temanten kakung putri tetepa
setunggal raos ing lair lan batos, jumbuh ing reh sedaya gegayuhanipun.
==(ngunjuk tirta wening)==
Ngunjuk Tirta
Wening, punika mujudaken setunggaling kekudangan supados temanten kekalih
enggala pinaringan momongan, lan dadosa pepenget menawi ing pasrawungan tansaha
kanthi manah ingkang wening tumuju ing kautaman.
==(gendhing STOP)==
Para rawuh para
pilenggah ingkang satuhu dhahat sinuba sagunging pakurmatan, kanthi berkah
jurung pendonga pangestu panjenengan temanten kekalih sampun purna netepi
upacara Panggih lan Krobongan kanthi wilujeng kalis ing sambekala, ingkang
menika dhumateng panjenengan kaaturaken agunging panuwun.
Salajengipun sumangga
kula dherekaken ngancik adicara ingkang salajengipun inggih punika SUNGKEMAN
========(gendhing
Ketawang Rujit
PLAY lajeng njantur)
Ing mangke
risang penganten sarimbit, dupi uninga para pepundhen catur cacahipun,
gya jengkar saking palenggahan, daya-daya hangaturaken sungkem mring rama ibu,
kairing puja-puji rahayu.
===(penganten sungkem)==
Risang penganten
jengkar saking palenggahan, tumuli anjengku tumungkul amarikelu yayah konjem
ing pratiwi. Tangkeping asta sumembah ing jengku rama-ibu, sinartan eninging
cipta rumasuk telenging kalbu, nyuwun pangestu cumadhong rumentahing sih
pudyastuti.
Penganten enget
bilih ingkang rama punika kang wus sembada ngukir jiwa raga miwah dadya
lantaraning tumuwuh. Enget bilih ingkang ibu wus kawawa dadya lantaraning
yogabrata salebeting sangang wulan sedasa ari. Enget yen wus digegadhang kanthi
kebak ing raos asih, bisaa mikul dhuwur mendhem jero asmaning asepuh.
Sanadyan lir
sinendhal mayang panggalihipun rama-ibu dupi hanampi sungkemipun ingkang putra,
jroning galih tansah mawantu-wantu paringipun puji pendonga, mugi risang
penganten sarimbit tansah panggih cepaka mulya sawakul-wakul gedhene. Liripun
sageda lestari pinesthining jodho, atut runtut bagya mulya, cinaket ing
nugraha, tebih ing gora godha lan rencana, tansah sembada kang sinedya, tansah
linuberan sihing Kang Maha Kuwasa.
===(gendhing STOP)==
Para rawuh para
pilenggah ingkang sinuba sagunging pakurmatan, kakung miwah putri. Awit saking
berkah pangestu panjenengan sedaya, upacara adat widhi widana Panggih,
Krobongan lan Sungkeman sampun paripurna. Ingkang menika ateges upacara
pawiwahan sampun purna, ingkang suwaunipun taksih winastan Putra Calon Temanten
menggah satataning adat, sakmenika sampun sampurna dados Putra Temanten,
dhumateng panjenengan sedaya kaaturaken agunging panuwun.
ACARA RESEPSI
ATUR PAMBUKA PURWANING PAHARGYAN
Assalamu'alaikum
wr.wb.
Sih rahmat tentrem rahayu nugrahaning Gusti Ingkang Maha Agung, Allah SWT, tansah tumedhak waradin sagung dumadi, kajiwa lan kasarira ing panjenengan sedaya lan kula, katitik ing titi kalenggahan menika panjenengan lan kula sampun kakeparengaken kempal manunggal ing menika papan, kanthi pinaringan karaharjan lan gumelaring bagas kuwarasan. Ingkang awit saking menika, sumangga nuwun kula dherekaken ngluhuraken asmanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ngonjukaken raos syukur dhumateng sahandhap pepadaning Gusti Kang Akarya Jagat, Allah SWT, kanthi sesarengan kula lan panjenengan ikroraken maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin'. Mugi-mugi salwiring gati tansah manggih kawilujengan, rahayu nirmala, niskala, uwal saking sakathahing reridhu lan panyendhu, kalis ing rubeda. Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan ummat sejagat, nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW, lumeber ing kulawarga, saha sanggya para sahabatipun. Allahumma amin.
Panjenenganipun ingkang tuhu kinabekten, para sesepuh saha pinisepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen. Langkung-langkung panjenenganipun ........................ ingkang dhahat pinundhi, panjenenganipun para 'alim para 'ulama, para kyai lan para ustadz ingkang mboten saged kula sebat setunggal-setunggalipun, ingkang tansah kaantu-antu berkah pangestu, pendonga miwah pitutur luhuripun. Panjenenganipun para pangemban pangembating praja, minangka pandam pandom pangayomaning para kawula dasih ingkang pantes sinudarsana. Sumawana sanggyaning para rawuh kakung saha putri, ingkang tuhu pantes hanampi sagunging pakurmatan, para sanak kadang wredha-mudha lan tumaruna ingkang mahambeg ing tresna lan asih, menapa dene para pengombyong temanten saking _____________ ingkang tansah winantu ing bagya mulya.
Sugeng rawuh, wilujeng siang/dalu, lan sugeng pepanggihan.
Langkung rumiyin kula nyuwun agunging pangaksami, awit sampun kumawani nyahak wewenanging kamardhikan panjenengan sedaya ingkang nembe eca wawan sabda. Nuwun inggih awit saking awrat ngemban dhawuh pangandikan saking panjenenganipun Bp/Ibu ___________________ ingkang hamengku gati, kajibah ndherekaken lampahing adicara ing titi kalenggahan menika, nuwun inggih adicara pahargyan dhedhaupanipun Anak Ajeng ______________________ kaliyan Sang Abagus______________ putra panjenenganipun Bp/Ibu ______________ ingkang pidalem ing _____________________.
Anamung sakderengipun, nglenggana bilih kula namung boboting tiyang jugul ingkang cubluk ambalilu, kothong ing seserepan, miwah asor ing samukawis, pramila kirang jangkeping trapsila, menapa dene cupet cewet atur kula ing mangke, ingkang mboten saged adamel suka renaning penggalih panjenengan sedaya, keparenga kula nyuwun agunging sih samodra pangaksami.
Sanggya adilenggah, para rawuh ingkang sinuba sagunging pakurmatan, keparenga atur uninga bilih prastawa gati akad nikahing putra temanten, alhamdulillah sampun kaleksanan dhuk kalawau enjing, nuwun inggih dinten ________________ watawis tabuh ________ wekdal Nuswantara Imbang Pracima, nyarengi surya kaping ____________________ mapan wonten ing _______________ kanthi sineksenan dening para kadang kulawarga minggahipun para sesepuh lan pinisepuh kanthi manggih wilujeng, kalis ing sambekala.
Wondene menggah rantamaning adicara ingkang sampun rinacik, rinumpat, lan rinumpaka dening para kadang kulawangsa kangge hangrenggani pahargyan samangke, nuwun inggih kadi ingkang badhe katur mekaten:
- Titilaksana ingkang sepisan, tinarbuka kanthi pambuka
- Urut angka 2, nuwun inggih Upacara Panggih ingkang katerasaken upacara adat.
- minangka urut angka 3, nenggih Waosan Wahyu Suci Al Qur'an
- Atur Pambagyaharja, minangka urut angka 4
- Srah Tinampen putra temanten kakung, dhumawah urut angka 5 lan 6.
- Salajengipun Kirab lan Sumene minangka urut angka 7
- Dene urut angka 8, nuwun inggih SabdaTama utawi Mau'idzah Hasanah
- Lan urut ingkang pungkasan inggih menika Donga lan panutup
Wondene adicara ingkang badhe kawengku ing salebeting Upacara Panggih inggih menika:
- Urut ingkang sepisan, sowanipun risang putra calon temanten putri kalenggahaken ing sasana rinengga.
- Kalajengaken praptanipun putra calon temanten kakung minangka urut angka 2.
- Dene urut angka 3 nuwun inggih Upacara Panggih ingkang katerasaken upacara adat.
Mekaten para rawuh menggah urut reroncening adicara ingkang badhe kaatur, lan sru panyuwunipun Bp/Ibu ____________________ sagung kulawarga, mugi panjenengan sedaya keparenga paring puja-puji pangastuti tumrap sri temanten, sinambi lelenggahan ngantos purnaning adicara ing mangke, kanthi mardu mardhikaning penggalih.
Wondene minangka tandha purnaning adicara pahargyan prasaja menika, nuwun inggih menawi mangke putra temanten sarimbit sampun kabedhol saking palenggahanipun ing sasana rinengga, lajeng kakanthi tiyang sepuhipun jumeneng wonten sangajenging tarub (>>wiwaraning pahargyan) saperlu jawat asta nguntapaken kondur para tamu.
Dene kula pribadhi tansah nyuwun tambahing pangestu, mugi-mugi anggenipun ndherekaken cak-cakaning adicara menika saged lancar, rancag tanpa manggih alangan setunggal menapa. Allahumma amin.
Para rawuh para pilenggah ingkang tansah winantu ing suka rahayu, kakung miwah putri. Minangka pambukaning adicara sumangga nuwun kula dherekaken maos Ummul Kitab sesarengan.
Liridho-illahi ta'ala wa lisyafa'ati rosulillah shollallohu 'alaihi wasallam, al faatihah.
===(maos fatihah)===
Matur nuwun. Mugi-mugi lantaran waosan kalawau adicara ing siang/dalu menika saged rancag, lancar, mboten manggih alangan setunggal menapa, wiwit purwa, madya, hengga wusananipun. Allahumma amin.
Atur Panatacara ing Praptanipun Temanten Kakung
Sagung para
rawuh, para adi lenggah ingkang tuhu kinurmatan. Putra temanten putri sampun
lenggah anggana raras wonten sasana rinengga.
Pramila saking
menika, sumangga adicara kalajengaken adicara ingkang salajengipun, nuwun
inggih Praptanipun Putra Temanten Kakung. Ingkang menika katur panjenenganipun
para-para ingkang kajibah hangayap hangombyong Putra Temanten Kakung kula
sumanggaaken. Sumangga, Nuwun.
===( Gendhing
Lancaran Kebo Giro PLAY, lajeng njantur/nyandra )
Binarung
swaraning gangsa ingkang hangrangin hambabar ladrang wilujeng,
kawistingal jengkaring putra temanten kakung saking wisma palereman. Ing
pangajab mugi tansah manggih kawilujengan kalis ing sakara-kara, kalis ing
sambekala.
Sinten ta
sambating wewangi sang narpati ing dinten punika?
Wenang den ucapna hanenggih Mas Bagus ............ putra panjenenganipun ........... saking ...........
Kawistingal
gumebyar busanane, hangagem busana ingkang tinaretes benang sotya, kasorot
sunaring bagaskara/pandam pating calorot pating pancurat pan yayah
asilih prenahing kartika.
Lumaksana lengkeeeh - lengkeh pindha singa lupa, riak hanggajah ngoling, sapecak mangu satindak kendel semu hangungun hanguningani endah edining swasana ingkang hangrenggani tawinging wiwara.
Lumaksana lengkeeeh - lengkeh pindha singa lupa, riak hanggajah ngoling, sapecak mangu satindak kendel semu hangungun hanguningani endah edining swasana ingkang hangrenggani tawinging wiwara.
Wus handungkap
unggyan ingkang tinuju gya kendel tindakira wonten sangajenging papan upacara,
keparenging sedya hangrantu laksitaning adicara salajengipun.
===(gendhing
STOP)
Panatacara atur wekdal Waosan Pustaka Suci Al Qur'an
Adicara
salajengipun inggih menika Kumandhanging Waosan Ayat Pustaka Suci Al Qur'an.
Dhumateng panjenenganipun ingkang sampun piniji, nuwun inggih
.........................kula sumanggaaken. Sumangga, Nuwun.
===========(Waosan Pustaka Suci Al Qur'an)
Mekaten waosan
ayat suci Al Qur'an ingkang sampun kawaos panjenenganipun
................................, mugi-mugi saged anambahi raos iman kula
panjenengan sedaya dhumateng Allah SWT. Allahumma amin. Dhumateng
panjenenganipun ..................... kula aturaken agunging panuwun.
Panatacara atur wekdal Pambagyaharja
Adicara
salajengipun inggih menika Atur Pambagyaharja saking panjenenganipun ingkang
hamengku gati nuwun inggih panjenenganipun Bp/Ibu ......................(pemangkugati)................
ingkang badhe dipun sulih salirani dening panjenenganipun Bp..............
Dhumateng panjenenganipun Bp ............. kula sumanggaaken.
Sumangga, Nuwun.
===========(Atur
Pambagyaharja)==============
Kanthi terang terwaca
cetha kaduk ruruh hangarah prana anggenipun Bp/Ibu ...................(pemangkugati).................
ngaturaken wedharing gantha wigatosing perlu, ingkang sampun tinalang basa
dening panjenenganipun Bp .................................. Dhumateng panjenenganipun
kula aturaken agunging matur nuwun.
Panatacara atur wekdal Pasrah Temanten Kakung
Panjenenganipun
para tamu, para rawuh kakung sumawana putri ingkang dhahat kinurmatan, minangka
adicara ingkang salajengipun inggih menika Atur Pasrah putra temanten kakung.
Dhumateng panjenenganipun ingkang sampun piniji minangka duta saraya pasrah,
wekdal saha papan kula sumanggaaken. Sumangga, nuwun.
===============(Pasrah
Temanten Kakung)===============
Satuhu tatas
titis, wijang gamblang atur pangandika panjenenganipun ingkang sampun
hamasrahaken putra temanten kakung. Dhumateng panjenenganipun kula aturaken
agunging matur nuwun.
Panatacara atur wekdal Panampi Temanten
Salajengipun
Atur Panampi ingkang badhe kasalirani panjenenganipun Bp
...........................
Dhumateng
panjenenganipun kula sumanggaaken. Sumangga, nuwun.
========(Tampi
Temanten)=======
Terang terwaca
cetha Atur Panampi ingkang sampun kasalirani panjenenganipun Bp
................................... Dhumateng panjenenganipun kula aturaken
agunging panuwun.
"Kirab" lan Sumene
Para rawuh para pilenggah
ingkang kinurmatan. Adicara salajengipun nuwun inggih Sumene. Para kadang
kaneman badhe sowan wonten ngarsa panjenengan sedaya saperlu atur pasugatan
sawetawis. Ananging saderengipun wekdal kula aturaken dhumateng para kadang
kaneman ingkang minangka Juru Ladi, putra pinanganten sarimbit langkung rumiyin
badhe kajengkaraken saking sasana rinengga tumuju panti busana, lan mangke
tumuli badhe sowan malih lenggah wonten ing sasana rinengga. Ingkang menika
keparenga panjenenganipun Ibu Juru Sumbaga mratitisaken temanten kekalih
anggenipun jengkar tumuju panti busana. Sumangga, nuwun.
( Gendhing Langen Gita Sri Narendra PLAY lajeng njantur/nyandra)
Para rawuh para
pilenggah ingkang tansah winantu ing kayuwanan kakung miwah putri, awit saking
sumuking swasana, tinambah panasing penggalihe, kaselak notol pikire, awit
sampun katekan sedyane, penganten lenggah jajar kalawan janma ingkang
kinarepake, wusana gumrobyos riwene, sumuk, nelesi busana temanten sakarone.
Jalma limpat
seprapat tamat, para-para kang hanawung kridha wus mulat, titiwanci penganten
jengkar saking pasewakan wus ndhungkap, penganten sarimbit kang kalawau wus
manunggal ing tekad, manunggal ing niat anggebyur alaming bebrayan, jengkar
saking palenggahan tumuju ing panti busana.
===Sinten ta
ingkang ing ari punika dadya mustikaning pahargyan, anggung ginunggung sinuba
sinukarta, tan sanes hanenggih Bagus _________________ kaliyan Rara
_________________ ingkang nembe anambut silaning akrami, hanggebyur samodraning
bebrayan agung.
Ing ngajeng ana
rerupan pindha golek kencana, kembar busanane, sami dedeg piadege, tindake
sakepenake, nanging dadi lan pantese. Punika risang patah temanten, Nimas
____________ lan Nimas _____________, sanadyan lampahe sakepenake, parandene
datan saru dinulu, malah dadi reseping pandulu. Iku ngemu pralampita, bocah
alit ingkang dereng andarbeni dosa, suci sarta resik penggalihe, satemah bisa
tentrem ayem jinak jinem.
Gebyar
gumebyaaar busananing temanten kasorot sunaring surya/pandam kaya ndaru
lelana, gumebyar cahyane, cumalorot kadya teja angenguwung, amimbuhi pekiking
warna temanten kakung.
Penganten putri
pranyata tan kuciwa memanise, ayu respati karengga busana edi, meloking wadana
sumunu agilar-gilar pindha kencana binabar, kebayak landhung kembar padha
pengageme ingkang kakung, iku minangka pralampita kalamun sri temanten sakarone
wus kembar padha tresnane, raket keket kekanthen asta, renggang gula kumepyur
pulut pepindhane, bebasan datan mundur salwiring geguntur, datan lilih
salwiring pangarih-arih.
===Samana,
lampahe sri temanten wus manjing wiwaraning sasana busana, lulus widada nir ing
sambekala, pramila sigeg, semanten rumiyin ingkang anyandra, awit sampun mboten
kawistingal saking papan manatacara.
==(Gendhing STOP)
Para rawuh para
pilenggah ingkang satuhu pantes hanampi sagunging pakurmatan, adicara
salajengipun nuwun inggih Sumene, katur dhumateng para kadang kaneman ingkang
minangka Juru Ladi wekdal kula sumanggaaken. Sumangga, nuwun.
=============(pasugatan kaladosaken)==========
Sumangga
keparenga angrahabi pasugatan sepala menika kanthi mardu mardikaning penggalih.
Ingkang dereng
pikantuk keparenga nyebar godhong kawis, sabar sawetawis, sinambi midhangetaken
irama panglipur ingkang kaaturaken kadang panata pitaswara inggih Mas
__________ saking ________ Sound System. Sumangga,
Njantur Temanten Manjing Pahargyan Wangsul "KIRAB"
Sagung para rawuh para
pilenggah ingkang winantu ing suka rahayu, kakung miwah putri. Sampun wonten
pratandha saking panjenenganipun Ibu Juru Sumbaga bilih putra temanten sarimbit
sampun badhe sowan marak malih wonten ngarsa panjenengan sedaya, pramila nyuwun
pangapunten adicara sumene kula punggel semanten kangge nglajengaken adicara
ingkang salajengipun.
(Gendhing Subakastawa PLAY lajeng njantur/nyandra)
Rawat-rawat rinumpaka, wauta, nadyan seje kandhane nanging maksih nunggal caritane, ingkang adoh ginawe perak, ingkang perak ginawe adoh, lah apa ta sebabe winastan mangkono ?
Nuju ari pinilih
dinten piniji ana titahing Gusti ingkang sinung Bp _________________ wus
kuwagang netepi darmaning asepuh, amiwaha putra mahargya siwi.
Kawistingal, risang temanten kang wus purna hangadi busana katingal wangsul sowan malih ing ngarsaning para tamu.
Hanenggih punika
wujuding pepacangan ingkang kasurung raos kencang anyancang janji wekasan,
ingkang kaesthi dadi, ingkang jinangka teka.
Lumampah atut runtut arebut patut, gliyak-gliyak sajak kepenak mboten ngoyak, tataaaa tumata kanthi trapsila kebak ing pralampita. Iku asung gegambaran yen kekarone mugi-mugi, denira arsa lelumban ing madyaning bebrayan agung tansah nengenaken pangati-ati, pepayung budi rahayu linambaran rasa tepa-tresna-sembada lan kumawula.
Lire tepa, sirik
ing kadurakan, tresna – mamrih marang karukunan, dene sembada – dhadhag wani
ndhadha kaluputan, lan kumawula ateges mangertos marang kuwajibane.
Patah sakembaran kang pindha abdi kinasih temanten putri, iku asung gegambaran marang temanten kekarone, kalamun patah sakembaran maksih prasaja samubarange, prasaja ciptane, prasaja rasane, prasaja karyane, hanenggih Nimas _________ miwah Nimas ________.
Pranyata
sanadyan durung tedhas nggeget kinang nora tedhas nggigit jambe, parandene
datan saru dinulu malah dadi reseping pandulu.
Sinigeg kang winuwus, wauta, gumantya ingkang cinandra.
Temanten kakung
pekik ing warna, nora sangsaya surem nanging malah sangsaya dados lan
kabregasanipun, dhasar tetesing kusuma rembesing madu, dharahing atapa wijiling
wong andanawarih, susila anoraga, tansah nengenaken dhateng kasubratan, mila
datan elok lan mokal kalamun ingkang ginayuh tansah kasembadan.
Temanten putri sulistya ing warna, kawistingal hambabar teja mandamaya, sesolahe milangoni lelewane hanuju prana, dhasar busana edi ingkang karengga, dhasar Ibu _____ ingkang dados Juru Sumbaga, kalamun cinandra bebasan, turah warna kurang candra kurang ukara.
Temanten putri sulistya ing warna, kawistingal hambabar teja mandamaya, sesolahe milangoni lelewane hanuju prana, dhasar busana edi ingkang karengga, dhasar Ibu _____ ingkang dados Juru Sumbaga, kalamun cinandra bebasan, turah warna kurang candra kurang ukara.
Astane penganten
putri bakuh kukuh gegondhelan astane ingkang kakung, pepuletan kekanthen asta
paribasan renggang gula kumepyur pulut, sasat ora kena ginggang pinara sasra.
Lamun cinandra kadya widadara widadari saking swargaloka tumurun ing
ngarcapada, njujug aneng Desa dalemipun
Bp ______.
Para mudha myang taruna, jejaka sarta kenya warara, kang pirsa thukul osiking driya, dhuh kapan ya, bisa dadi manten kaya ngana ? Para sepuh kang wus sepi hawa, jroning nala anglocita, mbesuk kapan ya bisa mantu amahargya putra kaya ing dinten punika. Nanging keladuking kandha kang ngaya wara, uga ana priya tuwa kang anggadhuh angkara murka, mbesuk kapan ya bisa nggandheng kenya sesisih lima.
Para tamu kakung miwah putri sami suka jroning ati, tumut mangayubagya lan paring puja-puji pangastuti, mugi risang temanten kekalih tansah manggih basuki, raharja tulus widada, tan ana sakara-kara, atut runtut pindha mimi kang nembe hamintuna, pindha Dewi Ratih lan Bethara Kamajaya, tansah sakiyeg saeka praya, sayuk rukun anggayuh geyonganing kayun, padha kersane padha karepe, kaya suruh lumah lawan kurebe, sinawang seje rupane yen ginigit padha rasane.
===Penganten wus
lenggah ing sasana rinengga, pramila semanten ature ingkang anyandra, lamun
lepat nyuwun agunging pangaksama, kanthi pepuji rahayu widada dhumateng ingkang
nembe nambut silaning krama.
( Gendhing STOP
)
Atur Panatacara Badhe Mau'idzah Hasanah
Para rawuh saha
para tamu ingkang tuhu kinurmatan. Putra temanten kekalih sampun lenggah malih wonten
sasana rinengga, sumangga kula dherekaken tumapak adicara ingkang salajengipun.
Ndungkap adicara salajengipun inggih menika Mau'idzah-hasanah minangka sanguning para putra temanten anggenipun badhe ambyur lelumban ing madyaning bebrayan agung. Dene ing kalodhangan menika Mau'idzah Khasanah badhe kasuwunaken dhumateng panjenenganipun Bp/Simbah Kyai ............................... Dhumateng panjenenganipun kula sumanggaaken. Sumangga, nuwun.
Ndungkap adicara salajengipun inggih menika Mau'idzah-hasanah minangka sanguning para putra temanten anggenipun badhe ambyur lelumban ing madyaning bebrayan agung. Dene ing kalodhangan menika Mau'idzah Khasanah badhe kasuwunaken dhumateng panjenenganipun Bp/Simbah Kyai ............................... Dhumateng panjenenganipun kula sumanggaaken. Sumangga, nuwun.
ATUR PANUTUP PANATACARA ING PAHARGYAN
Sagung para
rawuh para pilenggah, ingkang tuhu luhur ing budi. Mekaten wau
mau'idzah-hasanah ingkang sampun kawedharaken panjenenganipun Bp/Simbah Kyai
................................. Mugi-mugi saged dados sanguning putra
temanten kekalih anggenipun sami badhe lelayaran ing samodraning bebrayan agung
lan nyumrambahana dhumateng kula panjenengan sedaya. Allahumma amin.
Dhumateng panjenenganipun Bp/Simbah Kyai ............. kula aturaken agunging panuwun.
Adicara salajengipun inggih menika Donga Panutup. Minangka imam donga badhe kasuwunaken dhumateng panjenenganipun Bp/Simbah Kyai .............
Ananging sakderengipun wekdal kula aturaken dhumateng panjenenganipun, keparenga kula ngambali atur, bilih tandha purnaning adicara pahargyan menika menawi putra temanten sampun kabedhol saking palenggahanipun ing sasana rinengga lajeng kakanthi tiyang sepuhipun jumeneng wonten sangajenging tarub (=>kori pahargyan) saperlu jawat asta nguntapaken kondur para tamu. Pramila saking menika kula suwun kanthi sanget - pirenaning penggalih panjenengan sedaya, saksampunipun donga paripurna, keparenga nyrantos sawetawis kabedholipun putra temanten saking sasana rinengga - ngantos temanten sarimbit jumeneng wonten sangajenging tarub (=>kori pahargyan) - kakanthi tiyang sepuhipun, lajeng nembe panjenengan sedaya sumusul jengkar saking palenggahan, setunggal-mbaka-setunggal, jawat asta kaliyan putra temanten lan tiyang sepuhipun, minangka tandha bilih kula panjenengan menika rawuh mboten namung paring paseksen, nanging ugi paring idi donga pangestu. Mekaten, lan sakderengipun kula aturaken agunging matur nuwun.
Salajengipun, wangsul dhumateng kula sakadang ingkang tinanggenah ndherekaken lampahing adicara ing wekdal menika, nuwun inggih :
- Kula pun ............................................ minangka Panatacara,
- Ibu ................................................. minangka Juru Sumbaga
- Mas ................ minangka Juru Panata Pitaswara saking .............................. Sound System
- Dalah ....................................... minangka Juru Foto saking ........................................
- Menapadene para kadang kaneman ingkang dados juru ladi
- Saha sanggyaning brayat ageng Bp ...................... Ibu ........................ (pemangku gati)
mbok bilih
wonten kekirangan, kalepatan saha keladukipun saking arah menapa kemawon
ingkang adamel kirang renaning penggalih panjenengan sedaya, keparenga diagung
ing pangaksami.
Mboten kesupen, saparipurnaning Donga ing mangke kula aturaken "Ndherekaken Sugeng Kondur, mugi tansah manggih wilujeng dumugi ing dalem."
Billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.
Mboten kesupen, saparipurnaning Donga ing mangke kula aturaken "Ndherekaken Sugeng Kondur, mugi tansah manggih wilujeng dumugi ing dalem."
Billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.
Katur panjenenganipun Bp/Simbah Kyai............................. kula sumanggaaken.
Nuwun.
========(Donga)=========
====(Gendhing Ladrang Gleyong -- Bedholan)====
========(Donga)=========
====(Gendhing Ladrang Gleyong -- Bedholan)====
atau download file Disini